Rabu, 09 Juni 2010

GUNTURSETO

Kabupatèn Blora iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasine ing sisih wetan, tapel wates karo Propinsi Jawa Wétan, udakara 127 km sisih wétané Semarang. Kutha Blora iku ibukutha kabupatèné, déné kutha-kutha liyane : Cepu, Ngawen, Kunduran, Jepon, Jiken, Doplang, Randublatung, Kradenan lan liya-liyane. Jembaré wilayah Kabupatèn iki ± 1.794,40 km2 utawa 179.440 hektar. Kabupatèn Blora nduwèni tlatah sing paling endhèk 30 nganti 280 mèter sak ndhuwuré permukaan segara, déné sing paling dhuwur nganti 500 mèter sak ndhuwuré permukaan segara. Kecamatan Japah minangka tlatah sing palin dhuwur, déné Kecamatan Cepu minangka tlatah sing paling endhèk dhéwé. Wilayah Kabupatèn Blora diapit déning Pagunungan Kendheng Lor lan Pegunungan Kendheng Kidul, kanthi susunan lemah arupa 56 % gromosol, 39 % mediteran lan 5 % aluvial. Miturut tata guna tanah, daerah alas minangka tlatah sing paling amba dhéwé yakuwi kurang luwih saka 90 hektar utawa 49,66 persèn, disusul lahan sawah kurang luwih 46 hektar lan tegalan 26 hektar. [1] Kecamatan Cepu sing kawentar sugih kekandutan lenga patra (Blok Cepu), minangka wates karo Propinsi Jawa Wetan (Kabupatèn Bajanegara lan Kabupatèn Ngawi). Tapel wates mau arupa tapel wates alam, yakuwi Kali Bengawan Solo. Salah sawijining daerah aliran Bengawan Solo sing diarani Bengawan Soré, kawentar minangka daerah sing dadi lokasi perang antarané Arya Penangsang lan Sutawijaya sing dicritaaké ana ing Legenda Arya Jipang. Liyané Legenda Arya Penangsang karo jaran Gagak Rimangé, Kabupatèn Blora uga kawentar dening anané ajaran Saminisme sing asalé saka tlatah Klopodhuwur Blora. Masyarakat Samin iki sering banget didadèkaké obyèk penelitian dening para mahasiswa utawa peneliti liyané saka Universitas Gajah Mada lan Lembaga Pawiyatan Luhur liyané.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar